Purwaka lan Panutup

Nama : Rika Yuliana
Nim : A 310 080 004
Kelas : 7A
FAK/Progdi : KIP/PBSID

Tugas 1 Pewara Basa Jawa III
“Purwaka lan Panutup”

A. PURWAKA
Tuladhanipun mekaten :
“Minangka pembuka inggih purwakaning atur,mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawa puji Astuti,raos sukur wonten ngarsadalem Alloh S.W.T,Pangeran ingkang Mahawikan,dene kita sedaya tansah penaringan kesarasan sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak saha Ibu Agung Laksana.
Shalawat dalah salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhamad SAW ingkang anyebaraken rahmat saha berkah saindheging jagad raya. Kula minangka sulih salira inggih talanging basa panjenenganipun Bpk Agung Laksana angaturaken pambagya sugeng rawuh saha angaturaken panuwun ingkang tanpa upami dene panjenengan sedaya kersa anyisihaken saha hanglonggaraken wekdal tuwin penggalih,kersa rawuh wonten dalemipun Bpk Agung Laksana kanthi lega-legawaning penggalih seperlu anuhoni serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken. Ingkang menika mugi sami dipunprayogekaken anggenipun sami lelenggahan kanthi mardawa mardikaning penggalaih dumugi paripurnaning wiwahan ing siyang menika”.

B. PANUTUP
Tuladhanipun mekaten :
“Minangka panutuping atur,menawi anggen kula matur mingka sulih salira inggih talanging basa panjenenganipun Bapak Agung Laksana anaturaken wigatining gati kathah kekirangan,saha kalepatanipun,lumantar kula tansah nyuwun lumunturing samudra pangaksama”.
Billahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Tinggalkan komentar